BERSIH DESA
A.
Deskripsi
Bersih
desa yoiku Slametan kanggo menehi sesaji marang danyang deso (penjaga desa)
sesajine iku saka saben keluarga kanggo nyumbang panganan. Bersih desa
dilaksanakake masyarakat dusun kanggo ngeresiki deso songko roh-roh sing nduweni
niat elek. Sesaji biasane diwenehake marang danyang deso. Amergo danyang deso
dipercoyo biso njogo deso kasebut. Upacara bersih desa dianakake ono ing makam
danyang ing deso anduweni pengaruh muslim kang kuat. Upacra bersih desa
dianakake ono ing masjid isi songko upacara kasebut yoiku dedungo wonten ing
islam. Deso kang ora due makam danyang, upacara deso biso dianakake ono ing
omah kepala desa. Bersih deso biso dipun maknai ungkapan raos syukur dumateng
gusti allah minongko diparingi panen pari kang subur.
Ono
makna liyo songko bersih desa yoiku keramaian sing dibarengi slametan lan
dedongan ing pedesaan saben tahun kang lumrahe gegayutan kehormatan ing deso
utawa mbeneri dina adeging desa. Ing bersih desa, tansah dianakake slametan
utawa kenduri. Kegiatan kenduri ndedongakake marang gusti allah. Kang maha
kwasa kanggo leluhur kang mati lan leluhur kaapunten.
Selain
iku bersih desa anduweni pengertian kang liyo yoiku salah siji upacara adat
jawa sing diselenggarakake bubar panen pari. Dadi maksud dianakake bersih desa
yoiku kanggo ngucapake syukur thanduran pari berasil di panen lan kasil apik.
Upacara adat iki kadang ugo diarani upacra mrei desa lan bisa digabung karo
upacra adat adat sedekah bumi utawi mreti bumi.
B.
Tujuan
Tujuan dianakake bersih desa yoiku nyogo
deso supoyo tetep ayem lan tentrem, supoyo deso ora ono alangan opo-opo, supoyo
budoyo adat jowo ora ilang, mbangun masyarakat sakteruse supoyo slamet, lan
njaluk keslametan saklawase. Selain jlentrehan ono ing duwur bersih deso
anduweni tujuan liyane yoiku kanggo ngucapake syukur marang tuhan sing wis aweh
anugrah kasil panen pari sing akeh, kanggo njogo keslametan para warga deso
saka gangguan sing olo ugo
gangguan-gangguan penyakit, keamanan lan bencana, lan kanggo ngeresiki deso
supoyo mboten alangan utowo kesusahan keadaan deso dadi tentrem lan ayem.
Selain tujuan kasebut ono tujuan liyo
songko bersih deso yoiku kanggo nyebut syukur marang Allah SWT. Kanggo njaluk
berkat supaya hasil panen apik.
Jlentrehan ono ing duwur sampun jelas
banget yen tujuan songko bersih deso iku akeh banget. Bersih deso anduweni
manfaat lan kegunaan sing akeh. Bersih deso iku sifate sacral yen oran dilakoni
biso dipercoyo yen deso iku bakal ora slamet lan bakal ono musibah kang akeh
lan ugo bahayakake. Bersih deso dianakake bedo-bedo manut tatanan desone
dewe-dewe. Semono ugo tujuan e bersih deso bedo-bedo manut deso kang
ngelaksanakake bersih deso kasebut.
C.
Wektu
Wektu kang tepak
ngelaksanakake bersih deso yoiku wektu bubar panen. Nanging, ora kabeh deso
ngelaksanakake bersih deso tepak wektu bar panen. Sing nganakake wektu bar
panen kui dibarengi karo ngucapaken syukur marang panenan kang asile apik.
Bedo maneh karo deso liyane. Ono sing
ngelaksanakake bersih desa yoiku sasi selo (sasi song) utawi wulan septemberan.
Utowo biso dilaksanakake wulan syawal kang 11 kalender jowo. Yen ono ing deso kulo bersih desa kui
dianakake wektu selo, suwine 2 dino. Dino kang pertama slametan ono ing punden
utawi balai desa. Biasane ono ing deso kulo diartekne “PRIBUMI”. Sing melumpuk
ono ing punden utowo balai deso yoiku pamong rakyat, kepala desa lan rakyat sak
deso utowo sak dusun. Dino ke 2 ngenekake keramaian koyoto contone kledek
(gambyong) lan reog.
D.
Panggonan
Panggon kang digunakake kanggo nganakake
bersih desa yoiku masjid, balai desa lan punden. Panggonan iki saben deso mesti
bedo-bedo. Mesti anduweni versi lan gaya slametan e dewe-dewe. Ono sing neng
masjid, yen ditakoni iku oleh opo ora? Wangsulan e mesti oleh. Sah-sah wae
nganakake slametan ono ing masjid. Biasane yen neng masjid slametan e diisi
sholat isyak lan dongakne arwah poro leluhur kang wis mati. Sak wise dongakne
leluhur dilanjutake mangan panganan kang digowo songko omah mau. Biasane adahe
“encek” piring sing digawe songko wit gedang.
Sing ke 2 yoiku ono ing balai desa. Yen
ono ing balai desa biasane diawiti dedungo. Podo karo ono ing masjid mau yoiku
dongokne arwah kang wis mati. Yen ono ing balai deso biasane dianakake wektu
awan. Sak wise dongo dilanjutake mangan bareng-bareng.
Sing nomer 3 yoiku ono ing punden. Ono
ing punden biasane diwenehi sesajen. Adat iki menurut awak pribadi nyimpang
karo agomo. Nanging wis dadi adat jowo kang sacral yen arep ditinggalne.
Biasane ono ing punden liyane diwei sesajen diwenehi menyan kang gunane kanggo
wewangen.
E.
Alat/ Ubo rampe
Alat kang digunakake ono ing acara
bersih desa yoiku:
-
Takir -
panggang - jenang putih (sengkolo) - gedang -
Tumpeng
-
Kembang wangi - menyan kanggo dupo -
jadah - sego
-
Encek 2.
Isi lan alat-alat sesajen bedo-bedo
manud adat lan kebiasaane deso. Alat lan bahan sing dibutuhake biasane
didominan karo kebutuhan deso-deso kasebut.
Liyane sing dijlentrehne ono ing duwur alat sing
digunakake yoiku :
-
Pacul -
arit -sapu - cikrak
Alat kanggo upacara :
-
Kloso -
panggang - panggon sesaji.
F.
Proses acara
Acara bersih deso dianakake bedo-bedo,
koyo sing wis dijlentrehne ono ing ngarep yoiku manud karo adat desone
dewe-dewe. Ono sing dilaksanakake sedino sewengi. Kang kawitan, isuk kabeh
warga podo resik-resik ing lingkungan deso lan warga liyane nyiapake panganan
kanggo upacara lan sekitar jam 12:00 awan kepala desa mukul kentongan kanggo
tondo kabeh panganan wes kudu siap diterke menyang imahe kepala dusun. Yen wis
siap kabeh menjelang surup kabeh warga sing wis dewasa podo melumpuk menyang panggonan
sing ditentokake dingo mulai mulaine upacara.
Ono deso kang nganakake bersih deso 2
dino sewengi. Dino kesiji yoiku resik-resik deso, kabeh papan panggonan ono ing
wilayah deso iku diresiki. Lan papan panggonan sing arep dingo slametan
dijeberi kloso. Yen wis nyelang surup acarane yoiku slametan ono ing punden.
Kirim dedongo marang arwah kang wis mati. Dino kang ke2 yoiku nganakake
keramaian, biasane diarani “kledekan” lan kang sing wis ngetren saiki nganakake
keramaian “reog”.
Versi deso liyane yoiku proses upacara
umum diwiwiti bubar panen pertama utawa
methil. Acara selanjute yoiku andongo, pari sing di oanen digatung neng lumbung
pari. Neng lumbung pari ugo wis disiapake perangkat upacara lanjutane sing
umume digawe soko godhong.
Ono sing adat tradisi bedo songko deso
mlarak yoiku proses acarane bersih deso dianakake sedino utuh sangka jam 07:00,
kegiatan resik-resik kabeh deso. Sak bubare iku dianakake pagelaran reog,
gajah-gajahan lan lomba-lomba dilanjut sore biasane dianakake doa bareng0bareng
utowo kenduri. Sakwise warga sekitar kumpul kabeh banjur ditunjuk kanggo mimpin
pandongo. Kanggo pardon lan pangapuntening doso para leluhur kanggo gusti lan
mugi kanggo njaluk kawilujengan, rejeki, panggan lan sandang lan uho njaluk
pangayoman supoyo deso wewelak sak wise kenduri dianakake wayangan.
G.
Tanggapan
Kegiatan bersih deso iku akeh manfaat e
lan kegunaane. Selain iso ngaweruhi deso
maleh ayem, tentrem ora ono pengganggu kang biso marai warga resah. Ugo biso
nambahi tali perseduluran maleh erat amargo kabeh warga deso biso kumpul kanggo
ngerayakake kegiatan iku. Kanggo njaga budaya saka wong jowo banjur
ngelestrikake lan tetep menghargai tradisi masyarakat jowo dewe.
No comments:
Post a Comment